GEGURITAN=PUISI JAWA
Nagari Indonesia
Wit-wit kang tinandur,
Ijo royo-royo lan subur.
Gawe ayeming ati pinggat,
Nglam-lami rasa.
Gunung-gunung gedhe, dhuwur mencit.
Narmada lan samodra,
Kang samsaya jejer-jejer.
Dadi endahing nagari
Nagari Indonesia
Cahya
pratangga kang kaucur,
Dadi
pangubah adheming lathi.
Angin kencar-kencar kang sumilir,
Panjebar sesaking rasa.
Sasangka ing wayah bengi,
Tansah teka maring bumi,
Padhang jimbrang pangibur mata.
Kartika kang tumeka,
Nambah endahing nagari kita.
Kabeh iku kanugrahing Gusti,
Kang wajib den syukuri.
Gugur gunung mbangun praja,
Kudu tinandur ing lathi.
Marang kita kita lan negri,
Nagari Indonesia.
Oleh:
Fita Ishfah A'ini/SMA N 1 KEBUMEN.
[@pitajon^^]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar